Dino iki, Senin Senin Kliwon. Pungkasaning sasi Oktober 2022. Utowo tanggalan Jowone, 5 Bakda Mulud 1966 J. Yen ndelok lambange, Sancaya, Langkir, ono ing tahun Ehe, lan Wuku Landhep. Poro among tani ngarani mongso kalimo-manggolo.
Senen kuwi candrane elok, edi lan peni. Okeh wong kang sumanak. Nah yen pasaran Kliwon, praupane micoro, sarwo seneng, ning ya pancen nduwe ambisi gede tur urakan.
Ono ing dino Senin Kliwon kang edi-peni lan sarwo seneng kuwi mau, konco-koncoku podo gumbiro. Wiwit seko isuk wes gumregah, podo andon-wicoro. Ning sing paling bunggah yo Masbudhi. Tulisane sing diposting, jian menginspirasi. Konco siji iki pancen seje, wiwit jaman SMP nang, tahun-tahun menjelang era 90-an ndisik.
Tulisan-tulisan poro konco pancen mawerno-werno, ono sing seneng guyonan, ning yo ono sing serius tenan. Ning yo kabeh nyenengke, iso nggo klangenan, nostalgia jaman mbiyen. Jaman matahun-tahun kepungkur.
Sakdonge, aku yo pengin nulis bab-bab santai, soal roso tresno yang tau tak roso. Katresnan sing tekan sak iki ora iso dibusek seko ati. Tresno sejati, mungkin. Ning yo iso wae tresno-tresnonan sing ora ono artine.
Tapi yo kuwi, angger arep miwiti nulis, ono roso mangu-mangu, ojo-ojo sing tau tak tresnani kuwi moco, njur ora trimo. Lha rak malah ciloko to nek ngono kuwi. Dadi yo wes, cukup sak mene.(*)