Ramene Alun-alun Wates Saben Mbengi

oleh -1370 Dilihat
oleh

Mbengi iki tansah kroso peteng ndedet,omah omah tansah nyenyet,nandake ndeso ndeso tansah sepi,ora ono tontonan,yo mung tivi sing dadi tontonan tiap wengi.

Semono ugo dalan mung ono siji loro sing do tongkrong,mungkin karang dino iki udu dino minggu,poro nom noman podo sinau,opo podo turu ben sesok iso kerjo gasik.

Bedo kahanan nang alun alun Wates. Lampu kelap kelip wes ketok kadi kadoan,nandake jantung kota wates kuwi pancen sarat hiburan.

Soyo cerak ketok banget ramene,angkringan pinggir dalan kebok do jajan,mobil mobilan warna warni lampune ning mlakune diontel tansah madetke dalan alun,bebarengan karo motor sing do sliwat sliwet.

Parkir motor kebak,berbaris sejajar karo bakul bakul.ono sio may,ono soto,ono pecel lele lan sak liya liyane.

Mlebu njero alun2 ketok soyo regeng,okeh dolanan anak anak,yo ono ayunan kapal kapalan,mobil mobilan,motor motoran lan sak liya liyane dolanan anak anak.

Yo kuwi suasane jantung kota kulon progo,saiki soyo tansah rame,suasana sing bedo aduh 30 tahun kepengker,wektu mung ono hiburan layar tancep,sing do gandrungi,sak iki ing kota tampak rame,mugo mugo suatu saat koyo kota kota tonggone.(priyo)