Dino iki dino minggu,cociknya yo dolan dolan.ning nek dolan dolan dompetku tipis.arep nang gembiro loka mlebune mbayar,borobudur yo mbayar.
Apike nang di yo,selak suntuk nang ngomah,wah apike teturon lah,karo golek inpirasi dolan nang endi…
Om om om melu aku,suoro bocah ngagatke aku,lagi sak leran arep turu.banjur aku nekani suoro kuwi.
Ono opo fa,jebule ponakan ku,syifa.
“om melu aku karo ibu karo kakung”
“Nang endi ”
“Alun2 purworejo”
Wah cocik dino iki ono sing ngejak dolan aku,mongko gratis,iseh mlebune gratis,dolan nang alun alun purwerejo ora mbayar alias mlebune lan sarana2 liyane gratis.
Banjur aku metu seko omah,jebule nang kono uwis okih uwong.ono mamak pini,ono mamak sum,hildan,hafi,om agung,kakung,syifa,pandu,mbak dewi wis siap menyang alun2 purworejo.
Aku lan sedulurku mau,banjur mlebu mobil menyang.roso seneng,trenyuh lan sak liyane mlebu nang njero atiku,dolan2 bareng keluarga.
Mobile mlaku kanti tenang,sak njerone mobil ketok meriah tan soyo indah.weh koyo lagu wae.sing jelas kabeh podo seneng.
Kiro2 setengah jaman aku wes do tekan alun.lawang dibukak wonge do metu,langsung nuju wahana permainan.ono enjot2 an lan sak liyane.koyo alat fitnes nang tipi sing tawake larang2 kae lo….
Hafi,hildan,syifa ketok seneng,nek pandu mlayu mlayu seneng banget.bapak karo agung lingguh lingguh nang kursi taman.
Selang wektu sedilit,uwong do teko okeh nang wahana permainab kuwi.
Awaku lan sedulur2 ku menikmati permainan kuwi,nganti nganti aku lali,jebul wayah ngasar uwis kliwat,aku lan sedulurku mlebu mobil lan bali nuju omah.(maspriyo)
