Iki Loh Swasono nek Isuk-isuk Mlaku Nang Mbantul

oleh -951 Dilihat
oleh

Isuk tansah iseh adem. Srengenge durong ngetoke raine. dadi suasana iseh ketok peteng.  Ning, aku wis kudu numpak gerobak mesinku, sementara adiku mancal gas lan nyetir ngedol barang dagangan nang kota.

Alon-alon adiku nyetir. Nampak soyo suwe soyo padang. Dalan soyo suwe soyo rame. Ono sing nang pasar, ono sing nang sawah, ugo ono sing nang kantor utowo sekolahan.

Anak-anak yo podo nuju nang sekolahane. Ono sing nggo pit montor ugo ono sing numpak angkutan kol.

Aku tekan kretek Srandakan, lan terus nuju  Mantul. Dalan soyo suwe soyo padet, lan nang pinggir dalan ono pasar kang tansah rame banget. Pasar kuwi jenenge pasar Mangiran.

Aku terus mengetan. Soyo suwe soyo rame dalane. Ning ono kaelokan sing ngggawe trenyuh. Jalaran iseh okeh uwong numpak pit ontel. Nek dibandingke karo daerah liyane, termasuk okeh banget.

Mulakno nang daerah Jogja, terutama Bantul ono sing nyebut kota sejuta sepeda ontel, karena okehe sing nganggo pit ontel.

Memasuki jantung kota Bantul lan pinggiran kota jogja, dalan semakin ramai. Koyo semut baris antre nganti arep nyebrang ora iso.

Soyo awan soyo rame. Nah kuwi lah suasana sepanjang jalan nang bantul nang wektu isuk. Ora kroso, aku ngucap syukur, iso menikmati kahanana esuk kanthi adem-ayem.(priyo)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

No More Posts Available.

No more pages to load.